Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 2

1. A. Wacan.

KARNAVAL


Upacara Dina Proklamasi.

Sore iki ing dalan gedhe ana karnaval, iring-iring mubeng. Wiwit srengenge ngglewang wis ana wong teka, sing arep melu karnaval lan sing arep nonton. Sadurunge budhal padha ngumpul ing lapangan cedhak pasar. Warna-warna pacakane.

Suminar, Andaru lan bapak ibune uga wis ngadeg ing pinggir dalan. Golek papan ing ngisor wit waru ngarep toko. Supaya ora panas banget-banget. Tangane Andaru tansah digondheli Bapake, amarga sedhela-sedhela ungak-ungak menyang tengah dalan. Mangka dalane rame, akeh tetumpakan slira sliri.

"Suwe temen ya, Bu, karnavale ora liwat-liwat ?”" takone Andaru sing tansah goreh.

Mbakyune celathu, “Ah, Ndaru! Ora koksusu-susu mengko yen wis wayahe liwat, rak teka dhewe ta ? Risi kupingku !”

10