Putri kala wau dipun paringi piwulang tata-krama adat Karaton. Sawatawis wekdal solah bawani pun sampun katingal prigel kados putri Ka
raton Surakarta. Hing satunggiling dinten HingKang Sinuhun Paku Buwana III, animbali Putra ing Kadipaten tuwin R.Aj. Handaya. Sareng sampun sami marak ing ngarsadalem. Wonten wiesing timbalandalem dhumateng putra Kadipaten. Kulup Pangeran Adipati Anom, sarèh laras pangandika Ramadalem Sang Prabu. Rèhning sira wis dewasa, Rama kepengin mikramakake Putraku kalawan R.Aj. Handaya, atmajané Raden Adipati Cokrodiningrat ing Pamekasan Madura. Ya sing marak ana ngarsaku iki. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom kagèt ndeagèngèk, amirsani putri ingkang wonten ngarsa ing Kang Rama.
Unjukipun Ri Sang Narpadmaja: Lirih pangandisanipun. Nyuwun deduka Rama, dalem mboten saget ngistokaken dhawuh dalem. Awit R.Aj. Handaya punika kuciwa ing warni. Kulitanipun ceneng, sarta suwan tenipun ageng kados tiyang jaler.
Dhawuh pangandika dalem, Putradalem kadhawuhan manggalih rumiyin salebetipun seminggu, sampun ngantos kasesa nampik rumiyin. Sasampuni-
pun kalimbang kanthi weninging panggalih. Lajeng kadhawuhan ngunjuk aken wangsulan ing igarsadalem. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom saha R. Aj. Handaya sami kalilan medal saking pasilan.
Kados punapa menggah raosing manahipun R.Aj. Handaya, ajur mumur tanpa ana pangarep-arepé.Sampun dumugi ing Karaton Surakarta, wasana tinampik.
Yèn tumanduk ing cipta kang lagi. Ginawé lelakon. Lir panglipur, amrih ta wakalé.