Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
2
KANJENG GUSTI PANGERAN ADIPATI ANOM BADHE DI PUN PIKRAMAK AKEN.

Kacarios:
Carita punika dongeng, mboten badhé telas manawi jagad raya tasih gumelar. Para putra sarta piyantun sepuh, ugi remen sanget maos punapadipun dongengaken lelampahan ingkang sampun kadadosan ing jaman kina. Kados ta Pangeran Pati Panji ASMARA BANGUN, kaliyan Dewi CANDRA KIRANA. Rak mboten telas ta? Seprika lan sapriki, gantos generasi tasih anget dongeng Panji. Kados pisang goreng medal saking wajan kang dipun en tosi rubung para tumbas.
Manawi punika sanes carita Sang Panji Asmara Bangun. Namung Sang Narindra Putra ing Nagari Surakarta Hadiningrat.
Kabut peteng wus sumilak. Sang Hyang Surya mesem aneng wétan. Arsa majari jro Kadhaton ing Surakarta Nagari. Taru taru katara inggare. Sru kapiyarsa ocehe Srigunting. Swarane mranani, tumancep ing kalbu. Tanpa cingkok lagu sarta gendhing, nanging yèn rinaos, nganyut-anyut angeres tancepé. seru rarasing lagon sakalir. Wiledaning suling tan mantra sumundhul.
Kocap kacarita, hing riku jumeneng Narindra Hingkang Sinuhun Paku Buwana Kaping III. Ing kang samanten hanggarwa Putri Madura, atmaja nipun Panembahan Çakraningrat kaping V, (seda Mukti). Hananging mboten lestantun. Rehningpanjenengandalem tasih kepengin nglajengaken sesambetan kaliyan darah MADURA, awit saking punika kepareng dalem Putradalem ing Kadipa ten badhe dipun pikramak aken kaliyan atmajani pun Raden Adipati COKRO DININGRAT, ing Pamekasan Madura.
Hingkang Sinuhun Paku Buwana kaping III, mundhut pasuwitanipun putri saking Pamekasan, asma Raden Ajeng HANDAYA, wonten ing Kadhaton.