Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
13


LIRE: Manawa sira bisa nyalame také samubarang -kang dadi tetanggungan-ira, bakal bisa-widada wimbuh kuncara anggonira nyekel pusaraning negara.

  1. Kawulanira padha paringana pangan lan kabungahan, kang mangkono iku sira jeneng weruh marang kabutuhaning kawulanira.
  2. Anggonira anindakaké rumeksa praja lan kawula santosakna. Marmané sira angèsthiya kasarasan lan pangadilan. Sira weruha marang Kabecikan. Tegesé mangertiya marang kagunan lan lelabetaning kawulanira.
  3. Reksanen pratingkahira kang rahayu supaya lestariné. Marmané sakèhing tindak tanduk kang temuju marang sapadha padha luwih luwih marang para nandhang kaswarih. Kang iku Kulup lamun sira wus mangerti marang kang anjalari rahayu. Sira wus kena sinebut SUDIBYA (Linuwih).
  4. Sira haywa kendhat anggonira amawas marang solah tingkahing wadyanira. Digarètèh anggonira mitu turi lan mulang wuruk marang kabecikan. Lire: Manawa wadyanira padha sumurup marang kabecikan anjalari luwih tumemen anggoné padha rumeksa marang Ratu Gustiné.
  5. Tilitinen lawan tilingna kang dadi bot repoté kawulanira, awit iku wus dadi sesanggeman sarta kuwajibaning Narindra.
  6. Saben sasiné sira maringana pangan marang para ahli puja brata. Murih padha anggedèkaké rahayuning praja lan yuwananing Ratu. Yèn mangkono sira bakal sinebut ing jagad, lamun sira iku Ratu kang mahambek murah.
  7. Lamun sira hanggeganjar marang wadyanira, luwih prayoga katitiské dhihin. Utamané analisik anyetèkaké. Manawa wus prayoga, tumuli paringana. Manawa mangkono kagunané wadyanira kang kaganjar mau mesthi banjur tambah