Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
12

TEGESE kang sinebut SAMA:
Manawi asih haywa kawistara, ing lairé dipadha baé.
Déné kang sinebut BEDA, tumrap pamatahing karya haywa nganti wor suh. Kang agal miwah kang lus saringen haywa kongsi kléra kléru.
Trape kang sinebut DANA: Manawi angadili sakabėhé PRAKARA kudu dhatanpa pamrih.
Mungguh kang dèn arani DENDHA: Iku traping pami dosa. Tumindaké kudu anuhoni anggering praja. Haywa nganti pilih kasih. Sanadyan marang santa na, warga haywa mingset saka tete ping adil. Nanging sarèhning wewengkon praja Surakarta iku jembar tebané. Langka bisané anyumurupi ing sa wiji wiji. Marmané pangrungkepé SAMA BEDA. Manawa amrih hayuning praja haywa ngétung kadang warga. Kabèh baé rengkuhen padha. Déné bédané amung weruhana ala beciké pilahen lawan waspada. Kang ala yogya pinapasa kuwasané, amung pinrih beciké, Ewadené menawa meksa puguh, tumuli dohono; awit iku wisa kang anggawa rusak. Déné martaning negara sing sapa nedya rumeksa mamrih hayuning praja, kanthinen minangka réwang, supaya sira bisa anyumurupi saniskara gelaring wewengkonira. Kajaba anindakaké hambek 4 prakara kaya kang wus ingsun pangandikakaké mau kabèh. Kulup, isih akèh piwulang ingsun marang sira. Minangka gegaran kanggo jumeneng Narindra Tama. Rumeksa marang katentremaning nagara lan kawula.
MARMANE WIGATEKNA:

  1. Sakèhing piwulang becik antepana, lan sarupa ning layang wacanen kabèh. Sira haywa kongsi nampik marang kawruh.
    Liré: Lamun sira wus matuh marang wewarahing kabecikan, mesthi kadunungan kanikmatan.
  2. Simpena mas picis rajabrana minangka kanggo prabéya kanggo araharjaning negara. Sentana wadya lan kawulanira.