Kaca:Sumunar.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“G ewu? “Menika Mas, matur nuwun nggih.” Dhani ngulungi dhuwit limang

ewonan marang tukang Ojek iku. Sing diulungi dhuwit nampani banjur

ngenggokake sêpedha motore nggeblas lunga.

Dhani mlaku tumuju omah kang papane ing pojok desa iku, Sawise tekan latar, Dhani mandheg, Pikire ngeling-eling wujud omah kang biyen ditinggalake, kanyata isih kaya biyen durung ana owah-owahane, Dhani geguyon kanthi kebak ing rasa tresna asih. Rikala semana Dhani durung cekel

sekolah ya dhisik. Dhanang karo Dhani rikalane sekolah pancen beda papan lan jurusan. Yen Dhani ing SMK Negeri 2 kang suwene sekolah patang tahum, dene Dhanang mung ana SMK swasta jurusan teknik sipil utawa bangunan sing suwene mung telung tahun,

Telung tahun Dhani nglakoni dadi laden tukang ing bangunan, banjur tepung karo bocah wadon, kancane nyambut gawe. Gumrining bocah wedon gata Kara kn anang a ka a TE WG aa EH

“Mas Dhani ...f” swarane wong wadon kang melu saka ngomah mbubarake panglamune Dhani. Wong wadon iku ora liya Gumrining, Kanthi semu ora percaya sapa

“Ayo, Mas, Mlebu ngomah. Saru, mosok rangkul-rangkulan, ambung;- ambungan, neng latar kaya ngene.”

SUMUNAR Antofogi Crita Cekak, 83