Kaca:Sumunar.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Atiku trataban, Bojoku upa trataban

“Lindhu esuk mau wis kaya ngono rasane, apa maneh arepe ana lindhu susulan sing kuwih gedhe? Njur kaya ngapa kedadeyane?” pitakone bojoku marang awake dhewe.

Mila, selebaran dakwaca sakeplasan, banjur diwaca genti bojoku. Bokmenawa Bu Kepala Sekolah durung pirsa anane selebaran ini.” ngendikane bojoku. Aku banjur neruske anggonku tata-tata. Barang, sakabehe dakanggep wis sumadiya, aku banjur mangkat makarya karo dedonga marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.

“Mas, nambal ban, nggih?”

Nanging tembungku mau ora diwangsuli,

“Mas, nambal ban!” aku mbaleni panjalukku kanthi swara rada sero,

Tukang tambal ban tetep ora mangsuli. Ora kanyana-nyana, tukang, tambal ban mau banjur nyandhak pit montorku, dituntun banjur dibukaki. Ana ingati aku kebak pitakon

“Apa salahku kok aturku ora diwangsuli? Apa aku kurang sopan anggone mahr? Nanging, pit montorku kok banjur ditandangi? Kepriye ta genahe priyayi iki?”

Ora kanyana-nyana ana piyayi wadon setengah sepuh metu saka ngomah nyedhaki aku.

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 64