Kaca:Sumunar.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Sunami kuwi wong ngendi ta, Ndhuk? Kok padha wedi karo wong, sing jenenge Sunami?” pitakone Simbah Pawiro karo mringis ngrasakake lara.

“Tsunami menika sanes tiyang, Mbah, Tsunami menika ombak seganten ingkang inggilipun ngudubilah lan saged nglebur menapa kemawon ingkang katrajang,” wangsulane Indri semu mesem, manis, Ing satengahing ati

“Ora, Ndhuk. Simbah ara ngungsi, Simbah ora kuwat. Aja maneh mlayu, ngadeg wae Simbah rasane wis ora kuwat. Mulane Simbah mung pasrah pati uripe Simbah iki marang Gusti kang, gawe urip, Nanging yen kowe arêp ngungsi, ya gek ndhang cepet ngungsia kana, Mengko selak ketrajang sunami,

"Menawi Simbah boten ngungsi, kula inggih aluwung boten ngungsi. Langkung sae wonten mriki kemawon sareng-sareng Simbah.”

"Mbok ya aja ngono, Ndhuk. Simbah iki rak wis tuwa. Paribasane wis

É mgos-ngosan. Kretek, Rak ya cilaka, ta? iii

“Kang, aku ora bisa ninggalake Simbah, Yen pancen wis takdire mati, mlayua kaya ngapa ya isih bakal digulung ombak.”

“Welah, ana bocah kok duwe prinsip fatalis kaya ngono, Sing penting awake dhewe ngupaya, ikhiiar, kepriye bisa nylametake urip, Yen mengkone isih tetep dipangan ombak, kuwi jenenge takdir, Wis ra sah ngeyel, ayo cepetan mlayu!”

lindhu. Dheweke banjur nyandhak Simbahe Indri, Mbah Pawiro, sing isih Kiekaran ana ing amben,

“Ee, aku arep kajak nang endi, Le?” pitakone Simbah Pawiro nalika Pardi arep mbopong dheweke. warga sampun sami mlajar pados slamet”

“Wis, Le. Simbah tinggalen wae, Simbah arep toh pati ana ing lemah iki. Lemah papan Simbah biyen dilairake” wangsulane Simbah Pawiro karo ngeculake tangane Pardi.

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 45