Kaca:Sumunar.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Gajah Mada menapa, Mbak? Gajah mungkur!” wangsulane Sumardi karo ngguyu nyekakak.

“Ah, ngenyek Dhik Mardi kuwi?”

“Boten kok, Mbak. Saestu.”

“Ngenyek ki ya ngenyek. Niyatomahku ya saka nggunung,”

“O, nyuwun pangapunten menawi makaten.”

Pasrawungane ing wengi iku kapetung katog, Kabeh para tamu ora dheweke, Mardi terang yen ora ana apa-apa. Nanging kanggone Wulandan, kang mangkono iku mujudake barang anyar, Dheweke durung nate srawung, karo bocah sing baguse kaya Mardi. Sing pendhidhikane kaya Mardi.

Esuke, rikala Wulandari nggodhog, banyu, Pak Gatot nyedhaki karo celathu, “Wulan, mengko sore arep ana jagongan maneh. Mulane kowe lungaa menyang pasar, blanjaa sacukupe. Mengko bengi tamune kira-kira ana yen mung telung puluh.”

Mardi meneng, Wulandari meneng, Kekarone mereng, Nanging ih atine bocah loro kuwi padha kroncalan! ii

SUMUNAR Antofgi Crita Cekak, 29