Kaca:Sumunar.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Beda karo Parta, bocah sing umur-umurane limang taunan kuwi ora ngerti karibetaning mbakyu lan wong tuwane. Bu Pardi sejatine ya wis nate ksungu bab pamarentah arep aweh bantuwan marang masarakat sing kena korban lindhu.

“Ndhuk, kowe rak ngerti. Bu Pardal sing daleme kidul kana, ta?” pitakone Bu Pardi

“Ya genah ngerti ta, Bu, Ning, Bu Pardal ki rak wis ora ana nalika lindhu gedhe sing sepisan kae ta, Bu?”

“Sing dakkarepake ki kuwi Iho, Jarene korban sing nganti tiwas iku oleh santunan sing akehe pira ta, Ndhuk? Rong yuta apa malah luwih? Ning, kandhane Pak Pardal kuwi mung oleh sayuta. Kandhane saka kacamatan, sing didhaftarake tiwas iku mung rongatus, jebul korban tiwas sanyatane ana patangatus punjul, Dadi nampane santunan ya mung sayuta.”

“Lho, kok bisa ta, Bu? Benese ki piye? Santunan kok bisa dianyang, Bola-bali wong cilik, apa maneh bodho kaya awake dhewe iki, mung dadi Pangane wong pinter.”

“Dakkandhani ya, Ndhuk. Janjane jroning atiku ki rak ora seneng yen si Parta iku mbesuk sekolah dhuwur, njur dadi wong pinter.”

“Lho, Ibu ki kokaneh, ta? Mosok duweanak dadi wong pinter kok ora seneng? Apa maneh dadi wong pangkat?” Parti nyaut guneme ibune karo njengek.

“Kowe rak ngerti dhewe ta, Ndhuk. Yen dadi wong pinter ki njur dho nggo minteri wong liya. Padha reka-reka dadi marakake ala tumindake.”

“Bu, Ibu. Ora kabeh wong pinter banjur kaya ngono, Akeh wong Pirter sing jujur lan becik. Sing baku, kepriye anggone ndhidhik si Parta kuwi,”

Tbune mung manthuk-manthuk, Pancen bener, ora kabeh wong pinter

“Ya, muga-muga si Parta bisa dadi wong pinter sing ora minteri marang liyan,” pandongane Bu Pardi.

Parti mesem keprungu pandongane ibune.

“Amin,” panyaute ing sajroning ati,

—b—

SUMUNAR Antafogi Crita Cekak, 23