Kaca:Sumunar.pdf/129

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Mas, arepa awake dhewe wis pisah, nanging aja nganti pepisahan iki ndadekake awake dhewe memungsuhan. Mas, sakabehe luputku, aku nyuwun pangapura. Muga aja dadi gerahing penggalih Pajenengan. Aku nyuwun pamit, Mas Pras,” ujare Astuti marang Prastawa kang isih slemengeren amarga kepedhotan tresna,

Astuti sakjatine ora tegel ninggalake bojone, Nanging kepriye maneh? Tinimbang nglakoni urip bareng atine kaya diobong, luwih becik nglungani

= “Jeng, apa sliramu tegel tenan marang aku?” pitakone Prastawa

Astuti ara mangsuli, Dheweke banjur lunga karo nggendhong anake sing isih umur rong taun. Senadyan jroning ati katon abot banget ninggalake

ngoyak wanita, Saiki dheweke nggandheng Rina sing njaluk tanggung jawabe

“Mas Pras, sak cepete aku kudu koijab jalaran aku wis ngandhep, telung sasi. Mula aku nyuwun tanggung jawabmu,” mangkono kandhane Rina

Prastawa sawetara wektu tumungkul, Bareng wis bisa nata ati, Prastawa aweh wangsulan,

“Iya, aku bakal tanggung jawab, Nanging bisaku mung ijab siri wae. “Yen sliramu ora bisa nampa, pugurma wae olehmu mbobot”

Gandheng wis kebacut Mabus, Rina pelen nampa apa sing dikarepake

“Ya, aku manuk sliramu, Mas, Diijab siri aku trima, Tinimbang kewirangan,” kandhane Rina pasrah,

Prastawa Klakon ijab klawan Rina, Lan saiki wis dadi siji ana omahe ndadi. Sanajan wis duwe sisihan anyar, dheweke isih tetep mburu wanita kang ayu-ayu rupane. Karepe, kabeh wanita arep dinikah Prastawa kanggo nguja hawa nafsune kang seneng ngumbar asmara,

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 1209