Kaca:Sumunar.pdf/128

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

TRESNA KANG CULIKA

Nining Siswoyo

Wengi kang sepi. Ora ana wong kang kumlebat ing njero omah kono, Sumiliring, angin kang semiyut gawe kekesing atine Astuti, Wanodya kang lagi ngalamunake gaweyane kang banget pawe cuwa atine Dumadakan ora

garwane, Prastawa, njedhul saka mburi, Gawe kagete Astuti kang lagi ngalamun,

“Teng, kok durung sare? Ana apa ta, Jeng? Saiki wis jam setengah loro, Apa durung ngantuk? Sesuk rak sliramu tindak kerja lan kudu ngopeni putramu, ta? Mbok sareha ta, Dik, Ayo, aku ya wis ngantuk, Besuk uga aku mlebu esuk”

“Aku ora bisa turu, Rasane ora ngantuk kok, Mas, Embuh, atiku rasane ngandel tenan yen ana kedadeyan kaya ngene,” wangsulane Astuti karo

“Mas, aku lila menawa sliramu arep ninggalake aku lan putramu. Ngeboti wanita sing mbok tresnani, Aku ikhlas lair batin, Mas, Nanging aja gawe laraning atiku, Mas, Daksuwun Panjenengan blaka marang aku, Aku wis ora kuwat maneh, Mas, Weruh Panjenengan tindak karo wanita Hiya, Banjur lali meng keluarga, Kamangka saben dinane alasane jaga lan patroli terus, Dadi aku mbok anggep apa ta, Mas? Yen ngene, awake dhewe pisahan wae, Mas. Aku lila,” kandhane Astuti nyrocos karo netesake eluh kang orang leren-leren,

“Jeng, aku njaluk pangapura menawa akeh gawe dosa lan nglarani atimu. Nanging karepku ora ngono kuwi, Aku kepengin anggone omah-omah Ki awake dhewe tetep langgeng ora ana alangan sawiji apa. Nganti kaken-kaken lan ninen-ninen,” Prastawa jong karo

SUMUNAR Antobgi Crila Cekak, 119