Kaca:Sumunar.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Sega kucing anggone tuku ing warung angkringan katon wis enak lan nikmat kanggone Satriyo,

“Le, apuranen Bapakmu.”

Satriyo katon jenggirat keprungu swarane Bapake, Mula Satriyo banjur pitakon, “Wonten menapa, Pak?”

“Kudune Bapakmu sing ngrumat kowe, Le, Golek sandhang pangan lan dhuwit kanggo sekolahmu.”

“Ah, Bapak sampun gadhah penggalihan ingkang kados makaten. Kula rumaos remen nglampahi sedaya menika,”

“Ya kuwi Le sing ndadekake Bapakmu trenyuh, Dudu Bapak sing golek dhuwit, nanging kowe, Le."

Katon eluh kumembeng ing sapinggire mripate Pak Widodo, Atine banget keranta-ranta ngerti yen Satriyo sing lapi umur 12 taun wis kedhungsangan golek dhuwit seperlu kanggo nyukupi kebutuhan keluarga. Pak Widodo banjur kelingan marang garwane sing wis beda. Saumpama ibune Satriyo isih ana lan dheweke waras, Satriyo tentu bisa sekolah kanhi becik, Dhuh Gusti, mugi Panjengan tansah paring kekiyatan dhumateng kula sakaluwarga, pandongane Pak Widodo ing sajroning batin.

"Bapak istirahat kemawon. Sampun manggalih ingkang boten-boten. Mangke gerahipun sangsaya namen. Kula saestu bingah saged biyantu ngenthengaken sangganipun Bapak."

“Muga-muga Gusti ngijabahi panjanpgkamu, Le.”

“Amin Ya Robbal...”

Durung nganti Satriyo nerusake tembung “Alamin”, dumadakan kori dithothok kaping tilu.

“Thok... thok... thok ....”

“Assalamu dakum ...”

Keprungu swara serak tur abot saka ji baning lawang.

"Wa'alaikum salam..." sumaure Satriyo saka jero kamar. Age-age Satriyo metu saka kamar, tumuju ing lawang ngarep.

Bareng lawang dibukak, saiba kagete Satriyo weruh tamu sing lagi teka. Mobil Mercy mewah dipakir saoedhake wit palem.

“Apa kowe bocah sing dodol koran awan mau?” pitakone wong lemu iku karo mesem,

“Nggih, kula piyambak,” sumaure Satriyo,

“Ayo, Bapak kudu nyuwun ngapura marang Mas ... Mas sapa?” pitakone bocah wadon cilik umur sepuluh taunan.

“Satriyo.” Satriyo sumaur alon.

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 3