“Sampun, Bapak rumiyin ingkang kedah sare. Kersanipun enggal dhangan,” wangsulane Satriyo, Tangane age-age mijeti sikile Bapake. Pak Widodo katon krasa kepenak dipijeti. Ora let suwe Pak Widodo wis lumebu ing alam impen.
Kain jarit sing wis pantes diarani gombal dikrukutake ing sikile Bapake. Satriyo katon unjal ambegan landhung. Atine banget welas ndeleng Bapake sing awake sangsaya kuru.
“Aku kudu bisa golek dhit kanggo tuku obat” grenenge Satriyo. Dhuwit celelangane Bapake sing ora sepiroa wis meh ludhes, Yen ora bisa golek dhuwit, banjur apa sing arep dipangan? pikire Satriyo, Apa maneh kudu tuku obat kanggo Bapake.
Kanthi alon-alon, lawang kamar ditutup, Satriyo banjur nyandhak tase lan ngetokake tumpukan koran.
“Hmm, muga-mupa Gusti Allah paring rejeki,” kandhane Satriyo ing sajroning ati. Satriyo mesem, Sejak optimis.
Awan kuwi Satriyo nyoba dodolan koran ing prapatan dalan gedhe sing adoh saka omahe. Satriyo pancen wegah golek dhuwit kanthi cara ngamen sanajan ya halal. Luwih becik dodolan koran, mangkono pikire Satriyo.
Awan kuwi prapatan bangjo katon rame, Mobil mewah lan motor padha mandheg ngenteni lampu sumunar ijo, Satriyo kang lagi teka age-age tumuju ing prapatan. Kringet kang dleweran ing gulu ora direwes.
“Koran, Oom?” Satriyo nawakake koran marang sawijine priya lemu ing sajroning mobil Mercy, “Hmmm,” wangsulane priya lemu karo nuding koran sing dikarepake.
Satriyo rerikatan ngulungake koran. Bareng koran ditampa dening priya mau, lampu abang gumati ijo. Durung nganti Satriyo nampa dhuwit, mobil Mercy ngglanyir ninggalke Satriyo sing njenger, mlongo, Satriyo ngelus dhadha. Unjal ambegan landhung. Pikirane katon nelangsa. Ora entuk bathi, malah kapitutan!
“Ah, sajake Gusti arep paring rejeki kang luwih gedhe,” grenenge Satriyo.
Alhamdulilah, ora nganti rong jam, rong puluh koran wis payu kabeh. Sanajan siji sing ora dibayar, ananging Satriyo isih bisa bathi wolulas ewu rupiah. Tumrape Satriyo, dhuwit samono wis aji banget. Bisa kanggo tuku obat lan tuku sega saklawuhe. Sisane ditabung kanggo tuku buku utawa kebutuhan sekolah liyane.
Sore kuwi Satriyo ngrumat Bapake, Sakojur awake Bapake dilap nganggo kain teles, Sawise ndulang lan menehi obat, Satriyo banjur mangan,
SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 2