Menyang kontèn

Kaca:Setya Radja.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
30

Kaṭah-kaṭah ḍawoehnja Gyah Ko Kim Ting San gja loemados, miwah samja salin boesanané, poétra-poetri pinanggihken noeli, dèwi Kim Ljan prapti, miwah ingkang iboe.

Andrawina nèng loehoering woekin, dimar ting péntjorong, wadya-bala samja minggah kabèh, ndadak-ndadak mbelèh kebo sapi, wadya tigang keṭi makoewon ing goenoeng.

Kawarnaa sang koesoema dèwi, retnajoe Ta Swan Tong, ḍasar ajoe krengga boesanané, saja woewoeh ajoe lindri-lindri, ngrajoeng-ngrajoeng benṭing, wiragané patoet.

Soesoek-konḍe pinatik retna di, tjoenḍoek-mentoel abjor, ngagem gelang moebeng tinerètès anting-anting mata manik warih, kasoet sekar djeni ngapem ekoen taboer.

Pasang lilin pangkèng woes rinakit, padjangan mentjorong, médja kebek tjawisan pangantèn. Nenggih waoe poetra lawan poetri, woes datan winarni, atoet lawan roekoen.

Tan woes lamoen oetjapen ing toelis, genti winiraos, sang Ta It Ha nggegandjar wadyané, noelja sami kinèn ngengobongi, pakoewon ing woekir, ing sapengkeripoen.