Menyang kontèn

Kaca:Serat Wedhatama.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇​꧑꧒꧇
꧅ ꦱꦸꦏ꧀ꦖꦶꦤꦺꦠꦤ꧀ꦥꦧꦚꦸ꧈
ꦲꦩꦸꦁꦚꦸꦚꦸꦢꦲꦂꦢꦤꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈
ꦥꦩ꧀ꦧꦸꦏꦤꦶꦁꦠꦠꦠꦶꦠꦶꦔꦠꦶꦲꦠꦶ꧈
ꦲꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦠꦭꦠꦺꦤ꧀ꦲꦠꦸꦭ꧀
ꦠꦸꦭꦢ꧀ꦢꦤ꧀ꦩꦫꦔ꧀ꦮꦱ꧀ꦥꦲꦺꦴꦱ꧀꧈
sukciné tanpa banyu | amung nyenyuda ardaning kalbu | pambukaning tata titi ngati-ati | atetep talatèn atul | tuladan marang waspaos ||


꧇​꧑꧓꧇
꧅ ꦩꦿꦶꦁꦗꦠꦶꦤꦶꦁꦥꦤ꧀ꦢꦸꦭꦸ꧈
ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁꦢꦺꦴꦤ꧀ꦢꦢꦭꦤ꧀ꦱꦠꦸꦲꦸ꧈
ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦭꦸꦒꦸꦊꦒꦸꦠꦤ꧀ꦤꦶꦁꦫꦺꦃꦩꦭꦶꦒꦶ꧈
ꦭꦒꦺꦃꦲꦤꦺꦠꦸꦩꦭꦮꦸꦁ꧈
ꦮꦼꦔꦤꦶꦁꦲꦭꦩ꧀ꦏꦶꦤꦲꦺꦴꦠ꧀꧈
mring jatining pandulu | panduking don dedalan satuhu | lamun lugu legutaning rèh
maligi | lagéhané tumalawung | wenganing alam kinaot ||