Kaca:Serat Wedhatama.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧐꧇


ꦤꦔꦶꦁꦠꦥꦏ꧀ꦱꦠꦸꦠꦸꦂ꧈
ꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦠꦸꦮꦠꦸꦮꦱ꧀ꦱꦺꦩꦸꦁꦕꦠꦸꦂ꧈
ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦭꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦸꦂꦭꦤ꧀ꦠꦂꦫꦤ꧀ꦤꦺꦫꦶꦁꦲꦸꦠꦩꦶ꧈
ꦱꦶꦁꦱꦥꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦠꦶꦤꦼꦩꦸ꧈
ꦤꦸꦒꦿꦲꦒꦼꦩ꧀ꦩꦶꦁꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀
nanging ta paksa tutur | rèhning tuwa tuwase mung catur | bok lumuntur lantarane ring utami | sing sapa temen tinemu | nugraha geming kaprabon ||


꧇꧑꧑꧇


ꦱꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈
ꦪꦺꦤ꧀ꦭꦸꦩꦶꦤ꧀ꦠꦸꦲꦸꦒꦢꦢꦶꦭꦏꦸ꧈
ꦭꦏꦸꦲꦒꦸꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦤꦫꦥꦠꦶ꧈
ꦥꦠꦶꦠꦶꦱ꧀ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦶꦁꦏꦮꦿꦸꦃ꧈
ꦩꦼꦫꦸꦲꦶꦩꦫꦁꦏꦁꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁ꧉
samengko sembah kalbu | yèn lumintu uga dadi laku | laku agung kang kagungan narapati | patitis teteping kawruh | meruhi marang kang momong ||