Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

—78—

SEJARAH BENGAWAN SALA.

 Ing sawiji dina Eyang R. M. Ng Tiknopranoto lenggeh ana pandhapa, diadhep para wayahe gedhe cilik cacah 13. Wektu iku Eyang ndangu marang wayah2e, "Apa putu2ku bisa menyanyi lagu Bengawan Sala (Solo)? Ature para wayah asaur manuk; "Sageeeed - - Eyang!!! Eyang banjur dhawuh; "Coba padha menyanyia bebarengan"! Wayah-wayah nuli padha menyanyi bebarengan Ana salah siji sing mimpin, supaya olehe menyanyi bisa rampak lan laras, supaya bisa gawe renaning penggalihe Eyange. Aba ne : Ji . . ro . . . . lu.!!!
 Bengawan Solo, riwayatmu ini,
 sedari dulu jadi perhatian insani.
 Musim kemarau, tak brapa airmu.
 Dimusim hujan air meluap sampai jauh.
  Mata airmu dari Solo terkurung gunung Seribu,
  Air mengalir sampai jauh akhirnya ke laut.
 Itu perahu riwayatnya dulu,
 Kaum dagang selalu naik itu perahu.
 Sawise meneng anggone menyanyi, Eyang nuli ndangu; Apa putu-putuku samene kehe iki ana sing ngerti, ing endi mungguh tuke Bengawan Solo?" Atur wangsulan para wayah: "boten ngertoooooos, Eyang banjur ngandika maneh: Putu-putuku kabeh, pada rungokna lan gatekna! coba dak wiwitane ndongeng, methik dedongengan sejarahe Bengawan Solo kalayan cekak. Wektu Eyang isih sekolah kaya kowe, Eyang tau maca buku Bibliotik, cap2an ing pangecapan Papirus Betawi - saiki Jakarta - tahun Masehi 1916. Karangane R. Adipati Arya Reksakusuma, Bupati Bojanegara. Critane mengkene:

I TUK LAN ILINE BANYU BENGAWAN SALA.

 Mungguh tuke Bengawan Sala iku ana ing tlatah Karesidenan Surakarta, kaprenah ing tembing kidul wetan, ing pagunungan Sewu. Saka etuk mili ngidul ngulon, dadi watese Kabupaten Pacitan karo Kab. Wonogiri. Banjur menggok mengulon, lumebu bawah Wonogiri.