Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 79 —

Bareng ana ing Kakap menggok ngalor bener. Ana sakidul kutha Wonogiri Bengawan Sala kaejogan iline banyu kali Keduwang, kang etuke saka ing Gunung Lawu. Sawise ngliwati kutha Wonogiri iline menggok ngalor-ngulon, kaejogan iline banyu kali Dengkeng, kang tuke saka Gn. Merapi. Saka kono iline banyu nekuk ngalor ngetan. Bareng tekan kutha Sala, kaejogan iline banyu kali Pepe, kang etuke saka Gn. Merbabu - Iline bengawan Sala isih ngalor ngetan. Nuli kejogan iline banyu kali Kedhungbang, kang tuke saka Gn. Lawu. Bareng iline banyu tekan ing desa Sokawati lor kutha Sragen, ing kono Bengawan Sala banjur nekuk ngetan tekan ing wates Kab. Ngawi karo Sragen kejogan iline banyu kali Kedhung-bantheng, kang etuke saka Gn Lawu. Wiwit saka kono iline banyu Bengawan Sala mlebu ing tlatah Kab. Ngawi Iline banyu mengetan bener. Tekan kutha Ngawi tempuk karo Bengawan Madiun, kang uga aran kali Genthong. Wiwit saka tempuran kono, Bengawan Sala banjur dadi kali kang gedhe, kena diambah ing prau nganti tekan ing muwarane (anjoge ing sagara).
 Anane kali Genthong kasebut Bengawan Madiun amarga ngliwati kutha Madiun. Bengawan Madiun (kali Genthong) banyune gedhe, saka kejogan iline banyu kali ing tlatah Panaraga, Magetan, Madiun lan ngawi. Saka kutha Ngawi Bengawan Sala menggok mengalor lumebu ing laladan Karesidenan Rembang. Ana kongalor no dadi watese Kab. Blora karo Bojanagara. Iline saya ngalor ngenceng mangetan. Bareng tekan Cepu kejogan iline banyu kali Bathokan, kang tuke saka Gn. Gamping kaprenah lor-wetan kutha Blora. Saka kono iline meggak-menggok mengetan lumebu kutha/Kab. Bojanagara. Bareng tekan sawetene kadhistrikan Padhangan kejogan kali Gandhongan, kang etuk saka Gn. Pandhan. Mengetan maneh kejogan banyune kali Tidhu. tuke ugar saka Gn. Pandhan wiwit saka kaonderan/kecamatan Malo, iline banyu Bengawan Sala nekak-nekuk mangetan bener. Tumekane Kab. Boja-negara kejogan kali Kening, kang tuke saka pagunungan Gamping, ing laladan Kab. Rembang sisih kidul wetan. Iline terus mengetan, dadi wates Kab. Bojanegara karo Tuban. Bareng tekan salore kaonderan Kapas kejogan kali Pacal, kang etuke saka gu-