Kaca:Sapu.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU


Murid Bengkel Bahasa lan Sastra Jawa 2012 kajupuk saka murid SLTA se-Kabupaten Kulon Progo dalah Sleman.

Asil gladhen kang awujud tulisaning para pasarta kadadekake antologi esai lan geguritan kanthi sesirah SAPU. Antologi SAPU mau bisa dadi pengilon kang nggambarake kaprigelaning siswa nalika wiwitan nulis. Tulisan-tulisan mau kaajab bisa saya nggrengsengake murid anggone ambyur ing jagading kesenian lan kasusastran Jawa.

Kejaba kawruh bab paugeraning nulis, tutor uga ngelingake prelune bab kabudayan leluhur. Kabeh mau ndadekake para siswa kasil nulis kanthi tema kang maneka warna, wiwit saka bab katresnan, kabudayan, nganti tekan kritik sosial, Ewa semono kaajab para siswa ora kesusu lega banjur mung mandeg dadi wiji kang thukul. Nanging terusa trubus, tuwuh, lan ngrembaka kanthi tulisan-tulisan liyane. Dadi, terusna anggonmu mugen nggegulang dhiri.

V. Risti Ratnawati

viii