Kaca:Sapu.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WIJI KANG THUKUL


Winih kang disebar ing tegalan beda karo winih sing dideder ana ing sakwijining papan semaian. Mesthi wae winih sing didhedher ing papan semaian mau bakal tuwuh hawih apik, luwih ngrembaka. Kahanan kuwi cundhuk karo pangudi ing papan semaian kang mesthi luwih premati, luwih manja. Winih mau mesthi ajep dirabuk, disiram, lan diupakara liyane. Sing baku, winih mesthi kerep ditiliki saperlu digatekake kahanane.

Semone uga kahanane para mudha tumrap uripe kasusastran Jawa, kaangkah bisaa nukulake wiji-wiji panyengkuyung murih ngrembakane kasusastram mau. Para mudha ing babagan iki, mligine murid-murid SLTA kui kaya dene winih-winih kang didhedher ing papan semaian, Papan semaian mau ora liya yaiku Bengkel Bahasa lan Sastra Jawa kang diadani dening Balai Bahasa Yogyakarta. Ing Bengkel Bahasa lan Sastra Jawa mau, para murid digladhi proses kreatipe. Gladhen bab Peningkatan Kreativitas Penulisan Bahasa lan Sestra Jawa mau, diayahi pendhak dina minggu wiwit tanggal 22 Juni—& Agustus 2012. Gladen kang cacahe kaping sepuluh iku diembani dening tutor Triman Laksana Bsc, Krishna Miharja,5.Pd, Drs. Danu Priyo Prabowo, M.Hum, lan Dr. Suwardi Endraswara, M.Hum. Kawruh kang diwedhar dening tutor ngrembug bab proses kreatif nulis esai Jawa lan geguritan. Kanthi sabar lan tlaten tutor-tutor mau mbimbing murid kang cacah sekel, kang lumrahe isih grothal-grathul nulis nganggo basa Jawa.

vii