Kaca:Sapu.pdf/184

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
BATHIK

Nur Aini Cahyaningtyas

SMA Negeri 1 Kalasan

  Bathik salah sijining asiling kebudayaan bangsa Indonesia sing luhur. Usaha indhustri bathik ing Indonesia ngasilake barang-barang maneka warna wujud lan corak miturut kabutuhane. Ing dhaerah-dhaerah tartamtu tinemu anane kegiatan usaha indhustri bathik sing isih tradhisional. Asil kerajinan bathik saka daerah siji lan sijine duwe gaya, corak, lan motif sing Khas. Upamane bathik Ngayogyakarta, bathik Surakarta, bathik Cirebon, lan bathik Pekalongan. Bathik saka daerah-daerah kuwi banget bedane. Corak, motif, jan warna bathik iku dadi ciri khas saka dhaerah asale bathik iku digawe.

 Masarakat Indonesia nggunakake bathik kangge sandhangan. Sandhangan bathik nggambarake kepribadian nasional. Motif, susunan wara, lan carane gawe kang sampurtia marakake akeh sing seneng bathik. Motif-motif bathik beda-bedia lan bisa kasawang saka corak, warna, lan isen-isene. Motif-motif bathik iku akeh nggunakake bentuk manungaa, kewan, tanduran, gunung, mendung, srengenge, rembulan, lan liya-liyane.

 Wiwit jaman biyen bathik dadi bahan sandhang sadina-dina kanggo bangsa Indonesia. Mula masarakat Indonesia bangga duwe bathik. Jinising bathik ana maneka warna, ana bathik tulis sing digawe migunakake canthing, ana bathik cap utawa bathik sing digawe nganggo canthing cap utawa dicap, ana bathik ikat

170