Kaca:Sapu.pdf/183

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

dolanan anak-anak. Kabukti asile bisa didol meng luar dhaerah. Kampung dolanan dadi sepi amarga kalah karo dolanan modheren.

  Sabanjure muncul Komunitas Pojok Budaya diwiwiti taun 2008. Komunitas iki ngedegake sekolah sing miigi mulang ketrampilan carane gawe dolanan tradhisional. Sekolah iki saiki dadi area wisata edhukasi popular ing tlatah Yogyakarta.

  10 tahun maneh bisa uga dolanan tradhisional punah. Mula wiwit saiki perlu digencarake pembudidayaan dolanan tradhisional. Dolanan tradhisional iku perlu dijaga. Kuwi mau salah sawijing alasan kanggo nglestarekake dolanan tracisional. Akeh Mupangate sing bisa disinau saka dolanan tradhisional. Awak sehat lan kajiwane anak becik. Ngajarake urip bebarengan/sosial lan padha anggone mbutuhake. Wiwit cilik kudu diajari tesna lan gelem njaga warisan leluhur. Aja nganti globalisasi ngilangake jiwa Pancasila. Aktif karo perkembangan becik, nanging aja nganti lali karo budayane dhewe.

****

169