Kaca:Rembuyung.pdf/82

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

Triman Laksana


ANAK

garis-garis kang tumanjem ana perenging samodra gawe dedawane ombak-ombak nyandhing cakrawala isih tetep menehi werna-werna bang-bang kulon o. srengenge kang angslup saresmi marang wengi ngoyak pratandha. tumanglung marang'rong pilihan langit biru dadi ireng. bareng sinar témbulan jumedhul ngebaki bumi kinasih. tangis kawitan

Magelang 1997

82