Kaca:Rembuyung.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan


    pedhot katresnan!
    sasana laya papaning pati
    nunggu tumekaning krendha
    luwangan ngisor semboja
    tansah menga tanpa lawang

Agustus 1997


RECA

kasunyataning urip ngalam donya
mokal kalimput para kawula
tilas tumapaking laku wis karupa reca
ngadeg mawa rega mayuta-yuta
senadyan kawulaning tansah sengsara

    tengerana ngadeging reca
    iki pratandha urip duwe rega
    senadyan ngawula saderma bandha
    luru kamulyaning ngalam donya
    nilas darmaning raga
    kaliri rupa endahing reca

reca wayanganing raga
mangadeg ngendahi bangsa
nanging mblereng paningal
tumrap ngrembakaning kasengsaran

Agustus 1997

46