Kaca:Rembuyung.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Kuswandi Kertarahardja


LUMINGSIRING SRENGENGE

nalika wektu durung duwe tandha
kuwasaning jalma katon langgeng
dhampar kencana kayadene gunung
kukuh rinaket bantala
lengket kelet kacopot alot
ajeg kang nglungguhi

angger srengenge durung lumingsir
bakal tinutup kalbu kawulane
mawa srana nitahke paraga
bisa mucuk lenggahing praja
tan ana sing wani nyuthik

iki srengenge wanci lumingsir
mratandhani tumekaning wayah wengi
peteng ndhedhet tanpa rembulan
sepi nyenyet tanpa swara

sineksen lumingsiring srengenge
lelenggahan iki bakal tugel thel
gapuk!

45