Kaca:Rembuyung.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Hari Azmara


GENDER KAMARDIKAN

Gender kamardikan wis katabuh
dening para pejoeang papat lima.
nir ing babagan pasrah
ananging tansah mersudi rahayuning bangsa

Lakune kaya bantheng ketaton
kanthi ngandhut bebudhen kang luhur
dadi punjering bang-bang wetan
cumlorot awit saka sih-e

Mulane padha setya-tuhu marang bothekane tembung
wungu
sing kadhang tumpang suh,anggone ngecakake
tembang mawa slendro tanpa pelog
unine gender kamardikan terus ngebaki donya
mbiyak kacintrakan kang kababar ing tlatah bumi pertiwi

Tekadku kenceng gumolong nyawiji
kepingin gawe pepadhanging jaman
langgeng mengani adi luhung
tumrap nusa lan bangsa

4 Agustus 1997

33