Kaca:Rembuyung.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

Gandung S. Mangkudiharja


IBU (Soedirman)


Ibu, kedep netra nglirik manengen
njola widyatmaka
nyudhet kamardikan ingkang dereng sampurna
tumuju parakarto

Ibu, pertiwi kapedhotan tresna ageng
kejot amblasah dumugi ron-ron anem
luluh-layu kados kecalan warih ing mangsa katiga

Ibu, salira aputih kertas
rinumpaka sekar sungkawa
amrik ganda arum
sumebar ing angkasa
ngundang mendhung
mayungi kunarpa

Ibu, sugeng tindhak

Yogyakarta, 22 Agustus 1997

32