Kaca:Rembuyung.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Bud L. Worang


KACA


Kaca kang datan bisa wicara.
Kaca kang tansah ngliga jan menga,
Kaca kang carita rikala aku adu muka,
Kaca tansah walaka miyak wewadiku kabuka.

Raiku kebak cacat lan mala.
Sanubariku dunung resik ketaman godha,
Kapikut milik kadonyan kang ora lestarya,
Kaca rika ngelingake bilih patrapku kebak dosa.


September 1997
21