Kaca:Rembuyung.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

Aryono

MUDHA MUDHI


Mudha mudhi jaman saiki
srawunge mbedhal kendali
wira-wiri lunga awan bengi
mbujung senenging ati
dikandhani tansah wani
bapa bivung lara ati
menggalih putra putri

Mudha mudhi jaman saiki
adoh puwulang agami
srawunge saya edan kepati
tanpa nggubres diomongi
tansah mbingungi, ngupia aborsi
amarga saka pakarti

Mudha mudhi jaman saiki
sepi ing pangati-ati
srawunge uwal saka kendhali
datan mempan dituturi
ing tembe ngundhuh pakarti
mbuwang bayi ing kali
prekara iki mangan ati
tumrap sing ngalami

Palbapang, 25 Agustus 1997
20