Kaca:Rembuyung.pdf/147

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Eko Hangous, lair ing Bantul, 5 April 1974.

Mas Eko kang wis asring nulis guritan lan cerkak iki
saiki lenggah ana ing Tirto 05/046, Bangunjiwo,
Kasihan, Bantul, Yogyakarta.

Fitricia Sri Setyati, lair ing Yogyakarta,

28 Juli 1958. Ibu guru basa Jawa ing SLTP Bhineka,
Jalan Pancawinatan 16, Yogyakarta iki saiki pidalem
ana ing Perum Nogotirto II/175, Yogyakarta.

Gandung S. Mangkudihardja, lair ing ....

Guritan lan tembang-tembange wis akeh a kamot ana
kalawarti basa Jawa. Panjenengane saiki lenggah ana
ing Jalakan, Tambakreja, Tempel, Sleman, Yogyakarta.

Hari Azmara, lair ing Yogyakarta, 10 November

1959. Mas Hari kang wis akeh pengalamane bab seni sastra
Jawa lan Indonesia iki seneng lan pinter maca lan nulis
guritan. Dheweke asring kumpul-kumpul karo para seniman
Yogya, kayata Ki Bongol, Harjanto Sahid, lan liya-liyane.
Mula ora mokal yen bakat senine saya ngrembaka. Daleme
saiki ana ing Cokrokusuman JT 11/806, Yogyakarta.
151