Kaca:Rembuyung.pdf/146

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Damiri, lair ing Sleman, 4 April 1948. Pak

Damiri kang sabendinane mulang basa Jawa ana ing
SLTP 6, Jalan R.W. Monginsidi 1, Yogyakarta, iki
daleme ana ing Barak 7, Margoluwih, Seyegan, Sleman,
Yogyakarta.

Djaimin K, lair ing Yogyakarta taun 1939.

Wiwit nulis geguritan taun 50-an, nanging anggone
aktif nulis lagi taun 80-an. Tulisane arupa cerkak ::lan esai uga wis akeh kang terbit ana majalah lan
tabloid. Ora amarga kebeneran, dheweke kaya-kaya
lengganan dadi juwara jer ana lomba ngarang guritan
utawa cerkak. Malah taun 1996, antologi geguritane
kang asesirah Siler Gadhing oleh hadiah sastra
Rancage. Panggurit sepuh nanging isih tansah
nggegurit iki saiki lenggah ana ing Jalan Gedong
Kiwo 55, Yogyakarta.

Effy Widjoyo Putro, lair ing Yogyakarta, 11

Februari 1963. Asring nulis cerkak lan geguritan ana
majalah-majalah basa Jawa. Saiki makarya dadi staf
redhaksi Mekar Sari lan reporter Kedaulatan Rakyat.
Pengarang Jawa kang luwih kondhang nganggo jeneng
Effy Widianing iki uga aktif ing SSJY (Sanggar
Sastra Jawa Yogyakarta).
140