Kaca:Rembuyung.pdf/138

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
GURITAN INGKANG SAE PUNIKA

KADOS PUNDI?

Dhanu Priyo Prabowo

Wonten pemanggih bilih geguritan utawi puisi Jawa modheren ing wekdal punika. bobot utawi mutunipun sakalangkung kirang mranani. Prekawis punika dumados jalaran kathah guritan ingkang karipta mboten mawi dhasar penggalihan ingkang lebet (interns). Panggalihan ingkang mboten Jebet suwau tumus jalaran pangguritipun kirang tumemen anggenipun nyemak dhumateng prekawis ingkang badhe kaserat. Tundhonipun anggenipun nyerat lajeng namung katingal. sagebyaran kemawon. Contonipun kados ingkang kaserat dening sedherek Kelik Eswe punika.

DONGENGE SI KANCIL

Kancil wis ora nyolong timun
kancil saiki dadi ratu
mimpin bangsa, ngembani negara
lungguh dhampar kencana
kewan-kewan galak padha mara
manut kersane sang nata

Kabare pembangunan maju bareng

142