Kaca:Rembuyung.pdf/137

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

geguritan kang wis kasil kababar mau pancen bener-bener wis samapta lan pantes digiyarake. Supaya bisa nindakake evaluasi kang kritis, juru gurit perlu njupuk utawa nggawe “jarak” ing antarane pribadi lan asil karyarie. Dheweke kudu mbudi daya ndulu asil riptane mau kanthi jujur lan ati tinarbuka: pandulune mau kaya dene nggunakake mripating liyan. Jumbuh karo bab iki, Abdul Hadi W.M. nate ngendika kang tegese kurang luwih mangkene: “Aku ora nate kesusu mbiwarakake guritan-guritanku kang anyar, sakjane ‘ya’ akeh. Aku kudu nintingi maneh, marga saben-saben aku mace geguritanku kang lawas, aku uga kerep nemu ilham anyar.”

  Andaran ringkes ing dhuwur mau nuduhake marang kita kabeh yen saktemene proses’ kreatip iku nduweni sipat nyakra-manggilingan: wola-wali, ngiseni, lan nggawe urip iki dadi mundhak nengsemake. Kanthi metani anane tataran-tataran jroning proses kreatip, pitakon tekan ngendi tebane jan kepriya carane budi daya kang sadhar, sarta solah bawa minangka asiling budi daya kang sadhar, nyata-nyata ndayani tumrap patang tahapan mau. Kanggoku, kabeh mau bakal bali lan gumantung marang kapribadhen kita dhewe-dhewe. Sumanggga.... ***

141