Kaca:Rembuyung.pdf/114

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Rengganis



DHANDHANGGULA

Dhedhep tidhem prabawa ning ratri
Sasa dara wus manjer kawuryan
Tan kuciwa memanise
menggep Srina teng dalu
Sinewa kasanggyaning dasiha
Glar neng cakrawala
winulat ngalangut
prandene kabeh kebekan
saking kehing taranggana kangsumiwi
warata tan pasela


DURMA

Hewong anom kapriye panduganira
apa manira anjing
dene anggon ira
methuk kenyudaning wang
srana teken miwah bandhil
glis den majuwa
sun pakakka peksi

115