Kaca:Rembuyung.pdf/113

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Macapat

Priyo Purwanto


TUJUWAN PENDHIDHIKAN
(Gambuh)

Pendhidhikan sing baku
rinancangan aneng ancasipun
iku amrih luhuring budi pakerti
yekti takwa Gustinipun
awak waras kudu klakon

Prigel trampil puniku
reka daya mesthi dipun tuju
iya uga lantiping pikir dipredi
ya tresna mring bangsanipun
ajar tanggung jawab abot

Pranyata guru iku
repot uga abot sangganipun
iguh ugi pratikele mesthi dadi
yen ta abot tugasipun
aja lali anak bojo

114