Kaca:Puspa Rinonce.pdf/99

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

dianggo kanthi lira-liru. Conto panganggoné tembung mangké lan samangké kang lira-liru iku, mangkéné.

  1. “Samangké saweg pukul tiga”, wangsulanipun anak kula,”pukul gangsal mangké
  2. Samangké saweg pukul tiga”, wangsulanipun anak kula, “ pukul gangsal samangké”.
  3. Mangké punika saweg pukul tiga”, wangsulanipun anak kula, “ pukul gangsal samangké”.
  4. Mangké punika saweg pukul tiga”, wangsulanipun anak kula, “ pukul gangsal mangké”.

Panganggoné tembung mangké lan samangké kang kapacak ing ukara b, c, lan d iku satemené ora bener . Liré, tembung mangké iku kalebu éwoning tembung krama kanggo ngramakaké tembung mengko kang tegesé ‘wektu kang tumuli bakal kelakon’ utawa ‘sadhela engkas’, padha karo tembung nanti ing basa Indonesia. Déné tembung samangké iku tembung krama kanggo ngramakaké tembung samengko kang tegesé ‘saiki’ utawa ‘ing wektu iki’, padha karo tembung sekarang ing basa Indonesia. Kanthi mangkono, panganggoné tembung mangké lan samangké kang bener dumunung ing ukara a. Conto liyané, mangkéné.

  1. Samangké mugi wonten kaparengipun Bapak … paring ular-ular dhumateng putra pinangantèn sarimbit minangka sanguning gesang bebrayan ing samadyaning masyarakat mangké.
  2. Kawontenaning jaman punika tansah éwah gingsir. Gangsal taun, langkung-langkung sadasa taun malih mangké, temtu kawontenanipun boten badhé sami kaliyan kawontenan ing wekdal samangké punika.


KRAMA INGGIL LAN KRAMA ANDHAP

Kajaba tembung mènèhi, ana tembung nyukani, maringi, lan nyaosi. Tembung papat iku mengku teges padha, yaiku ‘awèh … marang’. Bédané, mènèhi kalebu éwoning tembung ngoko, nyukani kalebu tembung krama, déné maringi lan nyaosi kalebu éwoning tembung krama inggil.

88