Kaca:Puspa Rinonce.pdf/98

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

    1. 1a. Sang Nata manjing sasana bujana arsa andrawina kaliyan ingkang garwa.
    2. 1b. Sang Nata manjing sana bujana arsa andrawina kaliyan ingkang garwa.
  1. B. Tembung sana lan sasana kang mengku teges ’palinggihan’.
    1. 2a. Pangantèn sarimbit lenggah ing sasana rinengga ….
    2. 2b. Pangantèn sarimbit lenggah ing sana rinengga ….

Tembung nadyan lan sanadyan klebu éwoning tembung krama ngoko. Teges lan panganggoné tembung loro iku padha, yaiku minangka “tembung pangiket kang nerangaké yèn prakara kang sinebut ing candhaké mengku surasa luwih (banget, ora lumrah, lan sapituruté) éwadéné meksa …”.

Contoné, ing ukara mangkéné.

    1. 1a. Sanadyan omahé adoh meksa diparani amarga péngin ketemu.
    2. 1b. Nadyan adoh omahé meksa diparani amarga péngin ketemu.
    3. 2a. Dhimas, sanadyan colok lintang sambung obor mangkata ing dina iki!
    4. 2b. Dhimas, nadyan colok lintang sambung obor mangkata ing dina iki!

Bèbèran ringkes iki mratélakaké manawa tembung èstu—saèstu, sana—sasana, lan nadyan—sanadyan mengku teges padha utawa mèh padha lan panganggoné bisa digawé lira-liru. Déné kang mbédakaké tumrap panganggoné tembung-tembung mau mung dumunung ing leléwaning basa. Tembung èstu, sana, lan nadyan kelumrah dianggo ing pakecapan utawa ukara kang semu ringkes, déné tembung saèstu, sasana, lan sanadyan dianggo ing pakecapan utawa ukara kang sarwa genep.

Bokmanawa amarga wujud utawa blegeré tembung mangké lan samangké iku mèmper utawa ana irib-iribé karo tembung èstu—saèstu, sana—sasana, lan nadyan—sanadyan, ora mokal yèn banjur ana panganggep manawa tembung mangké lan samangké mau mengku teges padha utawa mèh padha kang satemah banjur

87