Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

  1. kula caosi. Perlu kula caosi priksa, anggèn panjenengan maringi obat punika sampun kathah-kathah, cekap satunggal séndhok saben satunggal kilonipun.


SUWARGI-ALMARHUM
Ana pitakon, “Kanggo nyebut wong kang wis mati kuwi sing bener nganggo tembung suwargi apa almarhum?”. Pitakon iki bisa diwangsuli kanthi cekak, “kabèh bener”. Nalaré, tembung-tembung mau wis ditampa déning masyarakat lan banjur didadèkaké tembung dasa nama (sinonim). Mung waé, tembung loro iku béda asalé.

Tembung suwargi (utawi swargi) iku kanggo ngramakaké tembung suwarga utawa swarga. Tembung suwarga utawa swarga asalé saka basa Sansekerta svàrga (svarga). Déné tegesé svàrga, yaiku ‘cahya, sumorot’, ‘taman’, ‘papan kang sumorot’, ‘taman firdaus’. Ing basa Jawa, tembung suwarga utawa swarga banjur ditegesi ‘alam kanikmatan padunungané’ para sukma (kang padha utama rikala urip ing donya)’. Kanthi mangkono, nyebut wong kang wis mati kanggo tembung suwargi utawa swargi kuwi mengku karep (1) ngajèni utawa ngurmati wong kang wis mati mau, (2) nggadhang utawa ngajab becik yèn wong kang wis mati mau manggon ana ing suwarga.

Tembung almarhum iku asalé saka basa Arab. Tembung iki kanggo nyebut wong kang wis mati tumrap wong lanang, déné yèn sing mati mau wong wadon anggoné nyebut nganggo tembung almarhumah. Panganggoné tembung iki uga mengku karep ngurmati lan pangajab becik marang wong kang wis mati mau salaras karo teges utawa maknané tembung almarhum utawa almarhumah. Teges utawa maknané tembung almarhum (almarhumah) yaiku ‘kang rinahmatan’ utawa ‘kang olèh sih kawelasan’ (kang olèh sih kawelasan saka Ngarsa Dalem Pangéran Ingkang Maha Kuwasa).

Kajaba tembung-tembung mau, ana manèh tembung kang uga sok dianggo nyebut wong kang wis mati, yaiku tembung

50