~ Puspa Rinonce ~
sregi lan jenat. Tembung sregi iku minangka tembung enggon-enggonan (dhialèk). Tembung iki asalé saka ingsedaning pakecapan tembung suwargi utawa swargi. Déné tembung jenat, asalé saka basa Arab jannatun kang tegesé ‘swarga’. Ananging, panganggoné tembung jenat iku lumrahé kanggo nyebut wong kang wis mati tumrap wong biasa (lumrah) kang ora perlu diurmati banget, upamané, jenaté si Dhadhap, jenaté si Suta, lan sapituruté.
PANCA DASA WARSA: “SÈKET TAUN” APA “LIMALAS TAUN”?
Ing sajroné basa Jawa ana tembung wilangan kang dianggo ing tataran ngoko (siji, loro, telu, papat, lima, lan sapituruté), ana tembung wilangan kang dianggo ing tataran krama (satunggal (setunggal), kalih, tiga, sekawan, gangsal, lan sapituruté), lan ana tembung wilangan kang mung sok dianggo ing basa éndah utawa basa susastra (éka, dwi, tri, catur, panca, lan sapituruté). Tembung wilangan kang saiki kelumrah dianggo ing tataran ngoko lan tataran krama iku asalé saka tembung wilangan basa Kawi utawa basa Jawa Kuna, déné tembung wilangan éka, dwi, tri, lan sapituruté iku asalé saka basa Sanskerta.
Bab panganggoné tembung wilangan ing tataran ngoko katoné ora ana pakèwuhé. Ananging panganggoné tembung wilangan ing tataran krama, luwih-luwih tumrap para nom-noman, sok ana seling surupé. Tembung wilangan, upamané, selikur, rolikur, telu likur, patlikur, selawé, nem likur, lan sapituruté sok dikramakaké dadi kalih dasa setunggal, kalih dasa kalih, kalih dasa tiga, kalih dasa sekawan, kalih dasa gangsal, kalih dasa enem, lan sapituruté. Ing mangka, kramané tembung-tembung wilangan mau kuduné selikur, kalih likur, tiga likur, kawan likur, selangkung, nem likur. Bab iki bokmanawa amarga kadayan basa Indonesia utawa ketonto kayadéné ngramakaké étungan sawisé telung puluh munggah (tigang dasa satunggal, tigang dasa kalih, tigang dasa tiga, lan sapituruté). Kajaba kuwi, panganggoné tembung wilangan
51