Kaca:Puspa Rinonce.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

lumrahé dianggo déning juru sesorah utawa panata cara ing pasamuwan dhauping pangantèn. Wong sesorah kuwi lumrahé mesthi mbudi daya amrih narik kawigatèné wong kang padha ngrungokaké. Carané narik kawigatèn iku warna-warna. Salah sawijining cara kang asring ditindakaké déning para juru sesorah (panata cara), yaiku njaga amrih basané bener, becik, nengsemaké, ora njuwarèhi. Amrih basané ora njuwarèhi utawa ora mboseni, juru sesorah (panata cara) mbudi daya golèk tembung utawa tetembungan kang trep maknané, laras rasa basané, éndah dirungokaké, lan ora mung ajeg nganggo tembung satembung kang dibolan-balèni. Kanggo nyebut “dhayoh”, upamané, juru sesorah (panata cara) bisa nganggo tetembungan para tamu (ingkang minulya), para rawuh (ingkang dahat kinurmatan), para lenggah (ingkang kula urmati), lan sapituruté kanthi lira-liru.

Tembung utawa tetembungan ing basa Jawa kang bisa dianggo kanthi lira-liru iku satemené wis cukup akéh. Ewa samono, ana sawenèhing wong (juru sesorah, panata cara) kang ora marem yèn ta mung nganggo tembung utawa tetembungan kang wis lumrah dianggo ing akèh. Kanggo nuruti mareming ati lan ngiras pantes mekaraké basa Jawa, wong mau banjur dhudhah-dhudhah tembung lawas ing susastra Jawa Kuna nyipta utawa ndhapuk tetembungan anyar kang dianggep luwih trep, laras, lan pèni.

Tetembungan ngentas pitulus kuwi kalebu tetembungan dhapukan anyar. Tetembungan iku dumadi saka rong tembung, yaiku ngentas lan pitulus. Tembung ngentas mengku teges (1) ‘njupuk saka ing (paméméan, kebon, pategalan, lan sapituruté)’, (2) ‘njupuk saka jeron (anglo, panggorèngan, banyu, lan sapituruté)’, (3) ‘ngunggahaké saka ing papan kang jero (kali, jurang, jugangan, lan sapituruté)’, (4) (teges entar) ‘mitulungi saka ing (bebaya, reribed, lan sapituruté)’, (5) (teges entar) ‘ngomah-omahaké’. Tembung pitulus kadhapuk saka tembung lingga tulus olèh wuwuhan ater-ater pi-. Tembung lingga tulus mengku teges warna-warna, déné teges kang cundhuk utawa trep karo kang

36