~ Puspa Rinonce ~
dikarepaké ing kéné, yaiku ‘terus utawa lestari slamet, ora ana sambékala’. Dadi, tembung pitulus kuwi tegesé ‘kang nerusaké (kaslametan)’ utawa ‘kang nglestarékaké (kaslametan)’. Sing dikarepaké ‘kang nglestarékaké kaslametan’ ing kéné, yaiku anak utawa turun, jalaran anak utawa turun kuwi kang bakal nerusaké sejarahé wong tuwané utawa leluhuré, kang digegadhang tansah mujèkaké kaslametan, kang bisa mikul dhuwur mendhem jero. Kanthi mangkono, tetembungan ngentas pitulus kuwi maknané padha karo ngomah-omahaké anak utawa ngrabèkaké anak. Genéa ing kéné migunakaké tembung ngentas? Jalaran, anak kang wis diwasa kang isih urip legan kuwi kena diupamakaké ana ing sajroné juranging kasangsaran. Yèn anak mau nemu reribed ing uripé, luwih-luwih yèn wong tuwa wis ora ana ing mengkoné, mesthi waé ora ana kang diajak rembugan kanggo ngudhari reribed utawa sangganing uripé. Mula, anak kang wis diwasa banjur diomah-omahaké utawa dipalakramakaké supaya duwé kanca kanggo ngembat ruwet rentenging uripé. Kanthi mangkono, malakramakaké anak kuwi kena dibasakaké ngentas anak utawa tembungé kang pèni ngentas pitulus.
JUMBLAHIPUN SEDANTEN WONTEN TIGANG ATUS
Ukara kang kapacak iki awujud ukara krama. Ukara mau manawa dingokokaké kurang luwih dadi, “Gunggungé kabéh ana telung atus” utawa “Cacahé kabèh ana telung atus.” Ing kéné bisa disumurupi manawa tembung jumblah iku kanggo nyalini (ngramakaké?) tembung cacah utawa gunggung lan tembung sedanten kanggo ngramakaké tembung kabèh.
Tembung jumblah iku kalebu tembung kang, ing jaman saiki, wis arang kanggoné. Tembung mau asalé saka basa Arab jamala (ja-ma-la) kang saterusé banjur dadi tembung jumlah, tegesé ‘cacah, gunggung, kèhé’. Sanajan ora luput, tembung jumlah iku arang kanggoné jalaran ing basa Jawa ana tembung kang padha tegesé karo tembung mau. Tembung Jawa kang tegesé padha karo tembung jumlah lan panganggoné luwih kaprah, yaiku
37