Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/136

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

SULUK
Suluk ing budaya Jawa kapérang dadi loro. Pérangan kapisan, suluk ing jagating pewayangan. Pérangan kapindho, suluk ing jagating kasustran Jawa. Suluk ing pewayangan ngemu tujuan kanggo nyandra lan nuwuhaké swasana sing salaras karo babakaning lakon. Suluk ing sastra Jawa, yaiku asiling ulah kagunan sastra sing ngemu piwulang karohanèn tasawuf.

Tembung suluk saka tembung Arab silkun utawa sulukun sing tegesé ‘ngulandara’, ‘uriping wong tapa’, lan ‘benang tetalining inten’. Sanajan mangkono, tembung loro mau ditlesih sacara morfologis asalé saka tembung Arab salaka sing tegesé ‘nempuh’, ‘ngliwati’, utawa ‘nggandhèng’. Saka babagan istilah, suluk tegesé: ngulandara sing asipat karohanèn nuju marang Gusti, utawa ngulandara ing dalan karohanèn tumuju marang “Sang Sumber” kanthi katuntun déning guru karohanèn (pir, syaikh, mursyid). Ing basa Jawa, tembung suluk bisa ditegesi laku. Tembung liyané saka suluk yaiku thariqah sing tegesé ‘dalan’. Pawongan sing nglakoni thariqah disebut ahluthariqah. Ing sastra Arab, ilmu suluk tegesé ilmu tasawuf (sufisme). Ing sastra Jawa, suluk tegesé sastra Islam-Kejawèn sing ngemu piwulang mistik nganggo tembang macapat. Ing adat mistik-kejawèn, kaya sing tinemu ing Serat Dewa Ruci, laku karohanèn pindhané kaya lakuné Radèn Brataséna sajroné ngupadi Déwa Ruci. Brataséna kudu perang lumawan buta loro (minangka lambang nafsu ammarah lan luwwamah sing manjing ing anggané. Dhèwèké kudu ambyur ing samodra sing ombaké gedhé, gelut lan matèni ula naga (lambang nafsu sufiyah). Sawusé kasil meper nafsu telung warna mau, Brataséna lagi bisa ma’rifah, malah manunggal karo Gustiné. Kanthi gegambaran bab suluk sing kaya mangkono mau, laku karohanèn ing donyaning tasawuf katon rumit lan angèl dimangertèni, luwih-luwih tumraping kaum awam. Awit saka iku, tumrap pawongan sing arep nglakoni tasawuf, dhèwèké kudu maguru marang guru tasawuf.

125