Kaca:Puspa Rinonce.pdf/137

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

Ing sastra Jawa, sastra suluk kapérang dadi rong jinis, yaiku Sastra Suluk Pesantrèn lan Sastra Suluk Islam-Kejawèn. Miturut sejarah, sastra suluk wus tumus ing madyaning sastra Jawa nalika abad kaping nembelas Masèhi. Miturut panalitèn, Cornelis de Houtman (nakodha kapal Walanda) nalika mulih ing negarané ing wiwitané abad kaping pitulas Masèhi, nggawa naskah loro sing ngemot ajaran tasawuf. Naskah-naskah mau banjur kasimpen ing Bibliotik Universitas Leiden, Walanda (Cod. Or. No.266). Miturut pratélané Rs. Subalidinata (1999), sastra suluk iku cacahé akèh banget, upamané Suluk Abesi, Suluk Acih, Suluk Agama Suci, Suluk Aja Tungkul, Suluk Alip, Suluk Alun, Suluk Asmaralaya, Suluk Aspiya, Suluk Balabak, Suluk Bali, Suluk Barongan, Suluk Bayukbasan, Suluk Bayanmani, Suluk Bayan Maot, Suluk Bayanolah, Suluk Bayan Mujdah, Suluk Bidho Wulung, Suluk Bodho, Suluk Bonang, Suluk Budiman, Suluk Buni Rasul, Suluk Burung, Suluk Bustam, Suluk Craki Jejampi, Suluk Daka, Suluk Darmana, Suluk Dulit, Suluk Durun, Suluk Dhandhang, Suluk Gandrung Purwacampur, Suluk Gedhong, Suluk Humul Brahim, Suluk Hidayatolah, Suluk Jaka Rasul, Suluk Jalma Luwih, Suluk Jatirasa, Suluk Jaya Lengkara, Suluk Jawi, Suluk Jèbèng, Suluk Johar Mungkin, Suluk Kadresan, Suluk Kaga Kridhasopana, Suluk Kahar, Suluk Kakang Dhudha, Suluk Kaki Tuwa, Suluk Kalipa, Suluk Kamar Arjun, Suluk Kedhap Kilat, Suluk Kutub, Suluk Lirdon, Suluk Lonthang, Suluk Luwang, Suluk Madkur, Suluk Makripatolah, Suluk Malang Sumirang, Suluk Mangkin Nembé, Suluk Mangun Sabda, Suluk Martabat Sanga, Suluk Masalah Patih, Suluk Mikrad, Suluk Memiringi, Suluk Murni, Suluk Muswarah, Suluk Mustakarancang, Suluk Naim, Suluk Nalakridha, Suluk Nupirin, Suluk Ngabdulsalam, Suluk Ngatih, Suluk Pancadriya, Suluk Paésan Wahyu Jatmika, Suluk Paésan Jaya, Suluk Paésan Wajib, Suluk Panamar Jati, Suluk Panitibaya, Suluk Pathak Modin, Suluk Pawèstri Samariyah, Suluk Pè, Suluk Peksi, Suluk Pradaya, Suluk Pralaya, Suluk Prasidajati, Suluk Prawan Mbathik, Suluk Prawan Ngantih, Suluk Puji, Suluk Purwadaksina, Suluk Purwakanthi, Suluk Purwa Sari Rasa, Suluk Radèn Putra, Suluk Rahkapi, Suluk Rasamurti, Suluk Ratna, Suluk Resi Driya, Suluk Ronggèng, Suluk Sejati, Suluk

126