~ Puspa Rinonce ~
sèrius lan (b) non-Balé Pustaka, kang lumrah diarani novèl panglipur wuyung utawa novèl pop. Kajaba iku, isih akèh novèl kang kababar ing majalah utawa kalawarti Jawa awujud crita sambung (cerbung). Kalawarti mau, kayata Panjebar Semangat.
Sajroning udakara wektu limalas taun Balé Pustaka mung ngetokaké novèl wolu, yaiku O, Anakku (Th. Surata), Jodho kang Pinasthi lan Serat Gerilya Solo (R.M. Sri Hadidjojo), Sri Kuning (R. Hardjawiraga), Sinta (Sunarna Siswaraharja), Kembang Khantil (Senggono), Ayu ingkang Siyal (Sugeng Cakrasuwignya), lan Kumpulé Balung Pisah (A.M. Saerozi). Novèl-novèl Balé Pustaka iku isiné isih kaya novèl nalika sadurungé kamardikan, kayata, cengkah utawa gèsèhing panemu ing antarané golongan mudha lan golongan tuwa ing babagan pamilihing jodho. Ana ing novèl O, Anakku, Sri Kuning, lan Kembang Kanthil dicritakaké manawa wong tuwa isih kepéngin njodhokaké anaké wadon karo priya saka kulawarga kang sugih. Kosok baliné, para mudha (Rr. Supeni lan Sri Kuning) luwih seneng jejodhoan karo priya weton pamulangan luhur, wis cekel gawé, lan turun priyayi. Malah paraga kang aran Rr. Supèni nékad minggat kanggo nyingkiri pameksané wong tuwané kang kepéngin njodhokaké dhèwèké karo Karna, anaké Martadinata sudagar kang kondhang sugihé. Supeni gembleng tekadé kepingin duwé sisihan kang cocog karo pilihané dhéwé.
“Sanajan aku dipeksa wong tuwaku, aku ora gelem, awit ora dadi cocoging atiku, mula yèn aku nganti diomah-omahké éntuk anaké wong sugih tur ora pengajaran, aku ora bakal suwé ana ing alam padhang kéné, dadi mesthi ora bakal klakon” (O, Anakku, kaca 13-14)
Sikepé Supèni mau laras karo tékadé Sinta (ing buku Sinta anggintané Sunarna Siswaraharja) kang ora kepéngin urip dimaru. Dhèwèké luwih seneng urip ijèn katimbang diwayuh déning Sajarwa.
“Leloroné pisahan, déné Sinta ngantepi “emoh dimaru”. Yèn Sajarwa isih éling Setyasih, Sinta pilih ijèn, rasaning
114