Kaca:Puspa Palupi.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 29 -

  1. Bẽda lan kang wus santosa, kinarilan ing Hjang Wiḏi, satiba malanganẽja, tan susah ngupaja kasil, saking mangunah prapti, Allah aparing pitulung, marga samaning titah, rupa sabarang pakolih, parandene maksih taberi ihtijar.
  2. Sakadarẽ linakonan, mung tumindak mara ati, angger tan dadi prakara, karana wirajat muni, ihtijar iku jekti, pamilihing rẽh rahaju, sinambi budi daja, kanṯi awas lawan ẽling, kang kaesṯi antuka marmaning Suksma.
  3. Ja Allah ja Rasulullah, kang sipat murah lan asih, mugi-mugi aparinga, pitulung kang anartani, ing alam awal akir, dumunung ing gesang ulun, mangkja sampun awreḏa; ing wekasan kadi pundi, mila mugi wontena pitulung Tuhan.
  4. Sageda sabar santosa, mati sadjroning ngaurip, kalis ing rẽh aru-ara, murka angkara sumingkir, tarlen meleng malatsih, sanityasẽng tyas mamasuh, badaring sapu ḏenḏa, antuk majar sawatawis, borong angga suwarga mesi martaja.
  5. (Peṯikan; Anḏaran Kalatida Ranggawarsitan

    dening Bratakesawa, Pustaka Nasi

    onal Surabaja).



    SIJUNG WANARA.

    Katjarijos wonten adjar, atapa ing redi Padjadjaran nama ndjar Tjepaka. Misuwur jen tasdik, sumerep samukawis kang dẽrẽng kalampahan. Wartos punika sampun katur ingsang Nata. Sang Prabu karsa ngajoni kasagedanipun kjai adjar, ḏawuh ḏumateng pepatihipun andikakaken ḏateng redi, kepanggih kalijan ki adjar, sarta mbekta kelangenan selir. Prenahing wetengipun kinanḏutan bokor, sampun kados tijang wawrat mekaten, supados dipun batanga ḏateng kjai adjar djaler estrining wawratanipun.