- 30 -
Ki patih ladjeng lumampah ḏateng ing redi, nḏawahaken timbalanipun sang Nata ḏateng ki adjar. Kjai adjar sumerep; jẽn dipun ajoni kasagedanipun dateng sang Nata. Wawratan wau dipun baḏe djaler.
Ki patih sampun mundjuk dateng sang Prabu. Sang Nata sanget suka ing galih, awit ki adjar wau kagalih dora. Sareng selir dipun rutjati tapihipun, bokor boten wonten, ếstu ing wawratipun. Sang Nata sanget duka, ladjeng nḏawahaken parentah medjahi adjar. Sapedjahipun ki adjar wonten swara kemirengan ing sang Nata. Uḏjaring swara: "Ẽh sang ratu ing Padjadjaran,aku ko-patẽni tanpa dosa. Bẽsuk aku males menjang kowẽ. Jẽn ana wong, aran Sijung Wanara, ing kono nggonku males".
Anunten nagari Padjadjaran kẽnging wewelak ageng. Katah teṯijang kang sami pedjah, ndadosaken prihatosipun sang Nata. Ladjeng nimbali para nudjum, sang Nata kapurih suka-suka aḏahar etja. Sabibaring ḏahar ladjeng njarẽnana tijang ẽstri. Punika ingkang minangka tetulaking pagering Nanging sang Nata ing bẽndjing bade manggih bilahi, dipun sẽdani dẽning putranipun pijambak, ingkang medal saking garwa selir.
Sang Prabu inggih ngelampahi ing pitedahipun para nudjum. sabibaring kasukan ḏahar etja, sang Nata wuru sanget, ladjeng njarẽni selir, pinudju ingkang dipun batang wawrat dateng ki adjar wau. Sareng sampun ndungkap ing mangsa, wawratipun medal djaler. Sang Nata kengetan pambatangipun para nudjum. Djabang baji ladjeng dipun teḏani wisa, nanging boten pasah. Anunten baḏe dipun suwẽk-suwẽk, nanging para inga mambengi. Rembagipun, bilih sang Nata kekah ing karsa baḏe medjahi djabang baji, prajogi kalebetna ing tabela, kabutjala ing lejen Krawang. Sang Nata inggih sampun marengi, djabang baji kalebetaken ing tabela, ladjeng dipun kẽlẽkaken ing lẽpẽn Krawang.
Tabela ingkang dipun kẽlẽkaken wau kapendet ing tijang mantjing, anama kjai bujut ing Krawang. Sareng dipun bikak, ing lebet isi djabang baji, abagus warninipun. Kjai bujut sakalangkung suka ing manah. Ladjeng kabekta mantuk kapasrahaken ḏateng sẽmahipun. Njai bujut sarẽhning boten