Pan wus njata ananing Hjang iki, ija iku kasutjijaning Hjang, ana ngaku weruh mangké, lan sanané tan antuk, raga sastra tan dèn gugoni, kang lali sih subrangta, kang sampun jekti wruh, ana kret punang raga, paningalé dèn wangwang rahina wengi, tanpa sung nggugu raga.
Apan iku tapakané Wudjil, ingkang bisa sira nglampus raga, adja mung angrungu baé, dèn sajekti ing laku, ajun sarta lawan pandeling, jèn karana wus njata, pandjing-wetunipun, tan ana pal éwuhira, lir pikulan sa-ros jèn tikel puniki, wani kang ora wikan.
Kasompok dènira aningali, karané mangké tan kaliwatan, ora. arah ing pronahé, rupa lan sifat iku, mapan warta ingkang utami, jèn ora amanggona, pegat tingalipun, tingal djati kang sampurna, aningali nakirah ingkang dumeling, kang sadjatiné rupa.
Mapan tan ana bédané Wudjil, déné kalindih solahé ika, badané. tansèng purbané, Wudjil sampun tan émut, apan akèh tinutur Wudjil, tan ana kawusannja, sijang lawan dalu, dèn rasani wong akatah, kitabipun upama prekutut muni, asring kinarja pikat.
Raosana ing rahina wengi, lamun nora lan wisik utama, mapan nora na gawéné, luwih wong meneng iku, jèn kumedal lidahirèki, ananipun pan nora, ing sauninipun, ing kalbu pan njata dunja, daré nétra tjara wadya anampani, meneng muni dèn wikan.
Dèn wruh surupé meneng lan muni, jèn tan wruha iku tan sampurna, sampun ta peksa enengé, jèn muni ajwa umjung, kukilané dèn amatitis, puniku saminira, tan wruh tegesipun, jèn udjar kang ginedongan, sira Wudjil sampun kaja bisa angling, lingira kang sampurna.
Endi rupané wong melèk wengi, éwa kadi adoh tingalira, karo. iku tanpa gawé, jèn nora lan tinuntun, ing paningal acha'ku'ljakin, paran margané wruha, ing sariranipun, pangrunguningsun ta ija, ing asalé sampurna iku lan muni, tanpa sung jèn menenga.
Ora meneng ora muni Wudjil, lah sira Wudjil atetakona, sira kang atakèn kabèh, sembah pudji dèn weruh, sembah akèh dunungé iki, lingira kang utama, wong amudji iku, sanalika gung sawabnja, pada lawan asembahhjang satus riris, jèn wruh ing pirantinja.
Kang sampun wikan pirantinèki, sembah-pudjiné pan nora pegat, mapan tan ana waktuné, dèn nggo gawé amuwus, pada lawan sa- widak warsi, pan sampun amardika, sampurna wong iku, ing waktu.
tan kabandana, kapardana solahé anèng djro masdjid, aminda manuk baka.
7