tjoba sèwu, ah aku adjiné reksanira ingsun, atulus sapa katingal balekna, kang ameksa patènana, poma-poma direksa, katap menep tjunduk suhé Sajidina 'Ali Asadu'llah, metu sakku papat kang anggawa bala njèwu, aku adjiné si sabawa sèwu, la ilaha illa'llah."
12 Bab, pangandikané Kangdjeng Nabi Muchammad-Rasulullah sallallahu 'alaihi wasallam, sing sapa matja donga iki, lamun arep-arepan kalawan mungsuh, miwah kéwan galak, jakti tan bisa ngobahaké sirah suku tangan ragané, ora bisa lawan saranduné badané. Lampah-lampahipun wiludjengan sami kalihan bab 1.
,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, ja kaju, ja 'alimu, ja 'aliju, ja 'apiju, ja ganiju, wa sallahu 'alaija, gahirikolbihi, Muchammad wa allihi adjdjemangin, summumbukmumngum, mjumpahum la dadjingun, summumbukmumngum, mjumpahum la ja kilun, summumbukmumngum, mjumpahum la jutlamun, summumbukmumngum, mjumpahum la jasmangun, la kaola wa la kuwatta illa bilail 'alijilngalim."
Punika Ismu Ladjer, agémipun Ingkang Sinuhun Kali Djaga, nalika asesilih nama Kijahi Bratasupana, kawasijataken dateng Ingkang Sinuhun Kangdjeng Susuhunan Pakubuwana Sapisan, ingkang djumeneng ing karaton Kartasura, nalika taksih nama Kangdjeng Pangéran Puger, pamulangipun wonten karaton Mataram.
Bilih bibar nglampahi salah-satunggalipun, nunten rijaja sekul wuduk sapirantosipun, ingkang pepak, ulam sawung petak mulus tukung tjènggèr dalima, sekar borèh, angsung dahar Kangdjeng Nabi Muchammad-Rasulu'llah, salla'llahu 'alaihi wasallam.
1 Bab, ismu bilih siram saben dinten sinung kuwawi.
Bismillahirrahmani'rrahimi, Djambanijah Prajatjitra, ingsun adus ngedusi tjahja nurbuwat, kang tumiba ana ingsun, teguh timbul ora katon, bumi ambarkahi, djagad angsung kuwat, kepjuring ati njawa njangking raga, kang tjuri-tjuri pager gunung ratu mulja, saisining buwana kabèh mendek prek ing ngarepku, tjahjaku kaja tanggal patbelas, mentjorongé sumoroté, bunderé-bunderé gilar-gilaré, ija ingsun urip salawasé, Allahu akbar."
2 Bab, ismu bilih mentas siram, medal saking djawi djamban.
,,Bismillahirrahmani'rrahimi, mentas-sun adus banju madu pinastika, ana ing gedong kentjana manik, adegku iman sampurna, sutji mani raga djati muljaning dzat, iman murub sampurnaning Allah."
3 Bab, ismu bilih dandos murih katingal něm.
,,Bismillahirrahmani'rrahimi, kuwung-kuwung ing dadaku, tjandra kembar tingalku, tédja murub ing tjahjaku, ketjlap-ketjlap guwajaku, pupurku ron gandapura, amanis ing pasemonku, murub
mubjar ing raiku, mantjorong kadi purnama, wa 'alaihi wasallam."
36