Djohar batin duk anembah mudji, ja iku Hjang Manon, ingkang aran sadjati-djatiné, ija iku nora nana kari, rasa nukat-gaib, duk ing kunanipun.
Nukat gaib tan gantya tan kari, ija iku jektos, nukat - gaib ran para jektiné, sasampuné tumiba rannèki, nektu iku singgih, urip waunipun.
Nektu iku petjahé kang dadi, alip ingkang jektos, ingaranan pan alus djisimé, djisim latip ija arannèki, nektu iku singgih, ran djohar awalu.
Ija uripira njata urip, ran Rasulu'llahu, Rasulullah panggihé. rasané, rasa djati ja ingkang sajekti, getih lawan daging, tunggal wong kang lampus.
Pan nora na ija getihnèki, jèn wus ilang kang wong, amor lawan. ing suksmadjatiné, alip iku ingaran ilafi, djeneng rasa djati, rasané rasèku.
Ija iku aran djisim latip, latip latip kang wong, pan angsalé ing alip mauné, uninipun kang alip sajekti, tanpa ngutjap iki, tan mjarsa tan ndulu.
Tanpa karkat tanpa budi jekti, kang alip sajektos, apan sami lan nektu rasané, noranipun kang alip puniki, déné dèn tjampuri, ing roh ilafiku.
Roh ilafi dzatu'llah kang djati, trasanda Hjang Manon, pan kinarja gegentiné dzaté, alip iku djabar djèré sami, nanging djohar alip, tan na brahinipun.
Birahiné namanira jekti, namané Hjang Manon, nora nana kang kari-kariné, iku kaki graitanen jekti, puspita ginanti, lajon timbul banju.
Maskumambang
Djalma luwih wong lanang guruning èstri, lakiningsun tuwan, nggèningsun angèngèr gusti, pangulu karja panutan.
Panutané wong èstri tuhu jèn luwih, margané sampurna, kinaslhan ing Hjang Widdhi, dedalan munggah ing swarga.
Laku sarak aundanga anak rabi, paèsing wong lanang, dadi
prabotaning èstri, utama kang garwa papat.
19